Thursday 3 September 2015

Contoh geguritan bahasa Jawa

Contoh Geguritan


Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku  
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika



Segara Aru
(Hisyam Z)


Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti

Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan

Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru

Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan

Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku



Merapi
(Puthu Aryana)


Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi



Kembang Mlathi
(R. Widiyati)


Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci



Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)


Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut

Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake

Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu


Kitir
(Sumono Sandy Asmon)


Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat


Koran
(Harum Sunya Iswara)


Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi


Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)


Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani

Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku


IBU

Ibu,
Meningi donya kang sangsaya tuwa,
sliramu panggah mesem ngujiwat,
jroning duhkita sing pait kasangsaya,
sliramu panggah santosa ing budi...

Ibu,
sliramu iku jati dhiri manusa prakosa,
sing tansah nggantha lan nglari panguripan,
datan ngrasa kasayahen lan kamomotan,
tansah asung jurung pamuji,
mring jiwa-jiwa kang rengka,
tansah paring winihing katresnan,
setya nepusi dina lan sasi,
dene lungiting angin lan samudramu,
ngimbuhi greget prauku lelayaran,
ngupadi tentreming ati,
ing sangkan paraning dumadi...

Ibu...
niyat ati namung hatur sembah bekti,
nyuwun donga kagem ingkang putra, Dedy...


I LOVE YOU EMAK

Mbok ...
Sak jerone mesem mu ono keselmu
Rino wengi kerjo tanpo leren..
Babar pisan ora sambat opo opo
Kabeh mau , kanggo butuhe omah..

Mbok...
Gunung paido karo omelan bendino
Songko telat sarapan , teko masalah ngumbah sandangan
Mbok tetap sabar lan telaten...
Tetep masak, tetep umbah-umbah , tetep nyapu jogan..

Mbok...
Tetap sabar naliko telat duit belonjo..
Tetap ngapuro naliko duit spp tak gondol lungo
Tetap ngobati naliko aku loro...
Tetap wani ngedapi perkoro naliko aku lumpuh tanpa doyo...

Mbok....
Saiki aku wis gede...
Wis iso mergawe... golek duit dewe...
Iso tuku sandang penganggo dewe...
Kabeh tak nggo senengku dewe...

Mbok...
Naliko aku gajian , sering aku lali...
Mboku nang deso , kabare koyo opo...
Sehat opo ora, bature sopo lan liya liyane...

Mbok....
Yen aku kelingan kangelanmu...
Naliko ngopeni cilikanku...
Wani madu naliko mbok nasehati...
Wani ngelaraki ati naliko mbok kandani...
Aku getun....ora karuan....

Mbok ...
Sepurane sing akeh....
Aku ga iso mbales opo-opo...
Mung iso dungo....
Mugo mbok di wenehi urip sing adem ayem tentrem
Sehat wal afiat tanpo ono alangan opo-opo...

Amin......


Guru


Ing papan iki aku ngenteni
sliramu sing tak kurmati
ora lali
aku saka ngomah wis nganggo minyak wangi

Guru
awakmu pancen pantes digugu lan ditiru
lakumu ora kesusu
isa gawe tuladha  kanggo awakku

Gunemanmu alus ngandhut ilmu
aku ning kene mung iso tiru-tiru
amarga sliramu sugih ilmu

Matur nuwun guru
panjenengan ora wegah ndidik aku
marai aku ben nduweni kepinteran
sliramu ndidik aku ben iso sopan


Pamulangan

Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju

Nanging
prakanca, ….

coba delengen kahanan  nyata
apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip  tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu



Sekolahku
Sekolahku…
Rupamu saiki duduk sekolah maneh
Nanging kowe saiki arupa panggonan kang rusuh
Kelas, pekarangan, pada karo kandange petek

                                Sekolahku…
                                Keadaanmu mulai bien ora berubah-berubah
                                Sampa-sampah sing kleleran tetep ora bisa di berantas
                                Kapan keadaanmu iso berubah…nasib…nasib…

Saiki sopo sing bisa di salahake…??
Tukang nyapu-nyapu wis di kerjo professional banget
Clotehan guru wis bekbanget ditokno
Lek ngno murid-e sing salah, ora bisa taat marang aturan

                                Jadwal wis digawekno lan ditempel ndek kelas
                                Kanggo murid supaya ngelasanakno tugas piket_e
                                Ora kanggo pajangan para cecek sing mrambat ndek tembok
                                Amarga iku laksanakno tugase dewe-dewe

Arepan sekolah,Arepan ku pisan
Resik, Enak kanggo belajar…
Murid-murid akeh sing berprestasi…
Kabeh iku arep-arepane sekolah
 
                                Resik sekolahku
                                Enak belajarku
                                Konsen belajarku
                                Podo moro prestasine.

IBU
dening Yossanti
Tresna asih ibu
Ora ana kang bisa ngganteke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklaleke
Do’a ibu kang tulus
tansah ngiringi awakku
pengorbanane kang tanpa wates
ora bisa winales
Ibu . . .
pituturmu bakal dakrungu
tresna asihmu marang aku
ora bakal puput
Pandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani

IBU
Saka lemah pangulandaran kene
Anakmu kirim layang
Nyuwun donga pangestu
Bakal methik kembang
Susumping sotya
Bakal lungguh dhampar kencana
Linambaran babut sutra
Ibu
Kanthi dlancang seta kiyi
Anakmu ngantu rawuhmu
Ngasta sasuwek pangapura
Pinangka nambal kaluputan
Anakmu kang wus kesupen
Sega thiwul sambel korek ndesa
Dangdangane ibu sewengimuput
Datan sare kanggo aku
Biyen kae
Ibu
Estu dakantu rawuhmu
Ing dina pahargyan tembe
Nyuwun uga ibu ngasta
Sega thiwul sambel sagodhan
Binungkus godhong gedang

Anakmu kangen

No comments: