Contoh - Contoh Sesorah
Sesorah Sumpah
Pemuda
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni,
Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan,
sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula
panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha
welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha
panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten
ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun
jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah
bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami
mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah
Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang
nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang
anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa
ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air
satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa
satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa
satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha
panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem
mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata
tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi
jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda
kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi
pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah
Pemuda. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah
klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah wisudha kelas XII
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni,
Bapak saha Ibu dwija ingkang satuhu kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba
ing karaharjan dalasan rayi kula kelas X saha XI saha kanca-kanca kelas XII
ingkang kula tresnani.
Puji syukur tansah konjuk wonten
ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa
kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sami.
Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya jagat kula
panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi adicara ing
kalenggahan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kadang kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani,
sekedhap malih kula sakanca kelas XII badhe nilaraken pawiyatan ing SMA Buana
menika. Awit saking menika mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan
sedherek sedaya wonten kalepatan saha kekhilafan ingkang sengaja punapa boten
kasengaja kula minangka sulihipun kanca-kanca nyuwun agunging pangapunten.
Wonten mriki kula paring pepeling dhateng rayi-rayi
kula sedaya mugi – mugi sasampunipun kula sakanca medal saking pawiyatan mriki
rayi kula kelas X saha XI sageda dados siswa – siswi ingkang tansah
mbangun turut dhumateng Bapak saha Ibu dwija saha dados siswa ingkang pinter
saha kreatif.
Rayi kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, kula
tansah dedonga saha memuji mugi – mugi rayi kula ingkang taksih wonten ing
pawiyatan mriki tansah pinaringan pangayomanipun Allah SWT saha semanten ugi
kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng para rayi kula mugi – mugi kula saged
nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang
badhe nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan
ngelmi saha kesagedanipun piyambak – piyambak.
Wasana, semanten atur kula minangka sesulih saking
kanca-kanca kelas XII sedaya, mbok bilih anggen kula matur wonten
kalepatan, kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah Tanggap
Warsa Sekolah
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni,
Bapak saha Ibu Dwija ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula
tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun
paring kanugrahan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya,
satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal kanthi
wilujeng nir ing sambekala.
Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun
panitya tanggap warsa SMA Buana ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh
panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken
gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng
Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih saged
katindakaken sedaya adicara pengetan ambal warsa pawiyatan kita menika. Kula
ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak saha ibu
dwija sumrambah karyawan ingkang lila legawa paring eguh pratikel murih
pratitising adicara punika. Boten kesupen kula ngaturaken agung panuwun
dhumateng kanca-kanca panitya tanggap warsa ingkang sampun paring pambiyantu
supados adicara ing kalenggahan menika saged kaleksanan.
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang
satuhu bagya mulya.
Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing
pahargyan menika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan menika. Wondene ancas
ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing
dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun kula panjenengan
sedaya mliginipun para siswa SMA Buana menika.
Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara
ing wekdal punika, lan mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan kula
tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah Dinten
Kamardikan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan
karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca
ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur
Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami
taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan
taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan
dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula
badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa
kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi
kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng
bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged
mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17
Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka
dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik
Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge
kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami
kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur
menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal
RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja
bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken,
antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha
sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan
wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila
saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi
nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang
langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah
anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten
klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah Dinten Kartini
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan,
Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang sinudarsana, sarta
kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula panjenengan sedaya sareng-sareng
ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha
mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal
wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan
SMA Negeri 11 Sembada saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten
Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A Kartini
ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa
Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita.
Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A.
Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita
tresnani menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan
SMA Negeri 11 Sembada sahakanca-kanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun
dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan
mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya
punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun
tumancep saha ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten
menika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin
lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging
dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri
Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun,
mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih, saha asuh. Cekap semanten atur
kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
No comments:
Post a Comment